Tansah Eling Kahanan Biyen

Tansah Eling Kahanan Biyen
Tansah Eling Kahanan Biyen
Pitulas tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku bebarengan ana dalan kene
Sak wise kuwi ora nate ketemu maneh
Sliramu lan sliraku wis beda ora kaya biyen nalika sliramu isih tak kanthi
Gandaning ngimpi wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
Nggarai sliraku eling kahanan rikala biyen
(Wacanen ugo : Nggegirisi urip jaman saiki)
Nanging ….
Wis aja mbok tangisi lelakon kang wis kapungkur
Wis ora opo opo pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
Ing dalan iki pitulas tahun kapungkur antarane sliraku lan sliramu
Ana cerita rinajut endah
(Wacanen uga artikel liyane ing : Tumbuh Tanpa Melihat Masa Lalu)
Dik, perlu sliramu weruh
Menawa kala kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana nduwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
(Wacanen uga artikel liyane ing : Soal Materi Iman kepada Qada dan Qadar)
Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
Menawa sliramu kangen,
Simpenen kangenmu ana impen
Tak kiro sak mene wae geguritan kanti aran Tansah Eling Kahanan Biyen sing bisa tak bagekno kanggo kita kabeh kanthi pangarep mugo – mugo geguritan ing dhuwur iku bisa digawe renungan aku dhewe lan kita kabeh supaya iso ngati ati sak jerone urip ning ndonya sing ora suwe iki. Aku nyuwun pangapuro menowo ono pitutur seng ora nyenengno. (Wacanen uga artikel liyane ing : HAKIKAT CINTA SEJATI)
One Comment