Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya
Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya
Siji meneh pitutur sing bakal isa digawe rerenungan kita kanggo sangu urip ing ndonya iki supaya ora ngongso- ongso sak jeroning nyambut gawe, kudu tlaten lan tekun nanging ora kemaruk. Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya.
Iki salah sijine pitutur kang tak bagekno:
Rejeki iku ora iso ditiru….,
Senajan pada lakumu,
Senajan pada dodolanmu,
Senajan pada nyambut gawemu,
(Wacanen uga : Tandane Wong Sehat)
Hasil sing ditampa bakal beda-beda….,
Isa beda neng akehe bandha,
Isa uga ana neng Rasa lan Ayeme ati,
Yaaa iku sing jenenge Bahagia….
Kabeh iku saka tresnane Gusti kang Maha Kuwasa…..,
Sapa temen bakal tinemu,
Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya.
Dudu akehe, nanging berkahe kang ndadekake cukup lan nyukupi…..
Wis ginaris neng takdire menungsa yen apa sing urip kuwi
Wis disangoni saka sing kuwasa, dalan urip lan pangane
Wis cemepak cedhak
kaya angin sing disedhot ben dinane….,
Nanging kadhang menungsa sulap mata lan peteng atine,
Sing adoh saka awake
katon padhang cemlorot ngawe-awe,
Nanging sing cedhak neng ngarepé lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwe guna.
Rejeki iku wis cemepak saka Gusti, ora bakal kurang
Anane kanggo nyukupi butuhe
Menungsa saka lair tekane pati….,
Nanging yen kanggo nuruti karep menungsa
sing ora ana watese, rasane kabeh cupet, neng pikiran ruwet, lan atine agawe bundhet.
Welinge wong tuwa,
apa sing ana dilakoni
lan apa sing durung ana
aja diarep-arep,
semelehke atimu,
Yèn wis dadi duwekmu bakal tinemu,
Yèn ora jatahmu, apa maneh kok ngrebut saka wong liya nganggo cara sing ala
Ya dienteni wae,
Iku bakal gawe uripmu lara, rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga,
Kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.
(Wacanen uga artikel liyane ing : Surat Terakhir untuk Sahabat Sejati)
Yen umpama ayem iku
mung bisa dituku karo akehe bandha
dekna rekasane dadi wong
sing ora duwe.
Untunge ayem isà diduweni sapa wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan,
Seneng tetulung marang liyan,
lan pasrahke
uripe marang GUSTI ALLAH Kang Maha Kuwoso..
Tak kiro sak mene wae pitutur becik arupo Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya sing iso tak sebarna dino iki. Muga – muga pitutur becik ing ndhuwur iku iso digawe pitutur kanggo kita kabeh. (wacanen uga artikel liyane ing : Angka 13 Bukan Pembawa Sial)
2 Responses
[…] Ing kesempatan iki aku pengin ngudarake uneg-unegku kanthi aran Mobil Murah Nggarai Macet kang bisa digagas dening sapa wae sing maca tulisan iki. Senajan judule mobil murah, nanging sing marahi macet orang mung mobil murah thok, mobil larang ugo nggarahi macet. Langsung wae nang uneg-uneg ing ngisor iki: (Wacanen ugo : Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya) […]
[…] (Baca juga artikel lain pada : Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya) […]