Prasasat Godhong Garing

Prasasat Godhong Garing
Prasasat Godhong Garing
Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara kewan – kewan wengi
Kang digawa dening playune angin
Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol pirungu
Ananging isih tansah mamring
(Wacanen ugo : Gotong Royong Gawe Dalan)
Aku wis pingin cecaketan
Panyuluhmu kang makantar-kantar
Madhangi jangkah lan jagatku sing dak pijak
Ana ngendi papanmu
Kowe lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara
(Wacanen ugo artikel liyane ing : Genderuwo mau Dimakan Anak Kecil)
Aku kadya godhong garing
Kang kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan
Ambegan Nadya sesek
Jumangkah krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep
Turu ora iso sreg
(Wacanen ugo artikel liyane ing : Chasing Knowledge at beloved School)
Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pepedhut ing sakindering pandulu
Tak kiro sak mene wae geguritan kanti aran Prasasat Godhong Garing sing bisa tak bagekno kanggo kita kabeh kanthi pangarep mugo – mugo geguritan ing ndhuwur iku bisa digawe renungan kanggo aku dhewe lan kita kabeh supaya iso tetep nduweni semangat sak jerone urip ning ndonya sing ora suwe iki. Aku nyuwun pangapuro menowo ono pitutur seng ora nyenengno. (Wacanen uga artikel liyane ing : Soal UKK Prakarya Kelas 7 SMP Bagian 2)
One Comment