Pituduh Becik Saka Para Leluhur

Pituduh Becik Saka Para Leluhur

Pituduh Becik Saka Para Leluhur

Pituduh Becik Saka Para Leluhur

      Ular-ularan kanti aran Pituduh Becik Saka Para Leluhur ing ngisor iki tak gawe sejatine kanggo aku dhewe, para sedulur lan para kanca kabeh minangka kanggo pangeling sak jerone urip ing ndunya iki supaya isa nglakoni tumindak sing kaya dening Pituduh Becik Saka Para Leluhur.

Iki Pituduh Becik Saka Para Leluhur:

  1. Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip, munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan daksiya marang sapepadhane. Sregep mawas dhiri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga wusanane thukul greged ndandani murih apike. (Wacanen uga : Pancen saiki Jaman Edan)
  2. Wong kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang njalari tekane rasa trenyuh lan welas lahir batine. Wong kang wis nate ketaman ing prihatin, luwih bisa ngrasakake penandange wong liya. Mula adhakane luwih gelem aweh pitulungan marang kang kasusahan.
  3. Tembung kang kurang prayoga kang kalair mung marga kadereng dening dayaning hawa nafsu iku pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadhi, kang satemah tansah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman sethithik nanging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan rasa marem kang gedhe dhewe.
  4. Kita iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, siji maneh kita uga darbe osiking ati. Darbe kita iki ora kasat mata, ora kena ginrayang, nanging tansah ajeg elik-elik marang bebener yen lagi nandhang pletiking pakarti lan cipta ala, munggahe katuwuhan krenteg tumindak laku ngiwa. Mula poma dipoma, tansah bisoa ngrungokake osiking atimu, awit iku kang ngajak sak paripolahmu tumuju menyang karahayuning urip. (Wacanen artikel liyane ing : Dibalik Derita Orang Baik)
  5. Kawruh lan ilmu pengetahuan iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo apa kang diwulangake. Lire ajaran teorine kudu bisa dicakake lan ditrapake kanggo karaharjaning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa dudu.
  6. Siji-sijine dalan amrih kaleksanan ing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan kapercayaan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep wae, tanpa tumandang lan makarya minangka sarana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene wong ngimpi. Cilakane maneh yen selagine nganggit-anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing pengangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kewuh.
  7. Ora ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu nyampeti kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku ateges uga mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges angabekti marang Pangeran Kang Maha Welas Asih. Pancen pangabekti mono wis aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kita. Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwaos, kita ora wenang ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe. Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen wajib nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.
  8. Nggayuh kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Ya dhuwur ing lahir ya uga ing batin. Lire sing murakabi kanggo dhiri pribadi, sumarambah tumrap bebrayan agung. Sapa kang mung mligi nggayuh kaluhuraning lahir, ateges mung mburu drajat, semat lan pangkat, durung aran jejeg uripe. Suprandene sapa kang mung ngemungake kaluhuran batin, ateges ora nuhoni jejering manungsa ing alam donya iku kang kudu tumandang gawe kanggo donyane. (Wacanen artikel liyane ing : Kenangan Kawan Masa Kecil)
  9. Sarupaning wewadi sing ala lan sing becik yen isih kok gembol lan mbok keket kanthi remit ing ati salawase isih tetep dadi baturmu. Nanging yen wis mbok ketokake sathithik wae bakal dadi bendaramu kang ngidak-idak sirahmu. Selagine mung nyimpen wewadine dhewe wae wis abot, apa maneh yen nganti pinracaya nggegem wewadine liyan. Mula saka iku ojo sok dhemen lan kepengin meruhi wewadine liyan. Sing wis cetha mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.
  10. Sok sopoa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe wae nandhang susah utawa nemoni pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon suntrut kerep ngrundel lan grenengan, merga ora ketekan sedyane iku, cetha bakal kaoncatan kekuwatan ing batin lan tenagane, tangeh lamun entuka pitulungan kepara malah dadi sesirikaning mitra karuhe.

Tak kira sak mene wae ular-ularan kanti aran Pituduh Becik Saka Para Leluhur sing isa tak bagekna ing kesempatan iki kanti pangarap-arep muga-muga artikel kanti Pituduh Becik Saka Para Leluhur ing ndwur kuwi bisa digawe pituduh kang becik, khususe kanggo awakku dhewe. (Wacanen artikel liyane ing : Soal Pilihan Ganda Materi Cahaya dan Cermin)

You may also like...

1 Response

  1. […]       Pitutur kanti aran Gonjang ganjing bumine goyang ing ngisor iki tak gawe sejatine kanggo aku dhewe, para sedulur lan para kanca kabeh sing pengin urip kepenak lan enak wekasane. Supoyo iso njaga tumindak kang tansah apik lan becik. Nanging aku njaluk sepuro menowo pitutur iki ono sing nggrai para konco lan sedulur dadi duko. Tujuanku nyebarno artikel iki mung kanggo pangeling-eling. Niatku mung bakal nguri-uri opo kang dadi nasehat lan wejangane bapa biyung lan simbah mbok menowo anane tulisan iki iso dadi dasar aku, kancaku, sedulurku, anakku, lan putuku mbesok anggone nglakoni kewajiban urip, biso toto titi tentrem kerto raharja. (Wacanen ugo : Pituduh Becik Saka Para Leluhur) […]

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *