Pangerten Ciri – ciri lan Tuladha Geguritan

Pangerten Ciri – ciri lan Tuladha Geguritan
Pangerten Ciri – ciri lan Tuladha Geguritan
Sa’iki aku pengin mbagekno artikel babagan geguritan, yaiku pengertene geguritan, cirine lan uga contoh utawa tuladhane.
Pangertene Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa sing kawujud saka rasa ing ati kang diungkapna karo penyair nggawe basa sing nduweni irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang nduwe arti utawa makna ana ing lirik geguritan. (Wacanen uga : Mburu Ilmu Kanggo Nguber Cita-Cita)
Geguritan uga kawujud saka ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.
Pengerten Geguritan liyane:
Geguritan inggih punika golongane sastra edi (endah) ingkang isinipun babagan wedharing ati.
Ciri – cirine geguritan yaiku :
- Nduweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
- Nduweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
- Nduweni bahasa endah endah lan mentes
- Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan
Tuladane Geguritan :
Ringgit
(Anggitipun: Irma Eftiyana)
Soca iki lena dening wayah
Mulat endahing cipta, san juru budaya
(Wacanen uga artikel liyane ing : Peran Penting Pendidikan dalam Kehidupan)
Sengseming ai marang budaya iki
Saya agung gumunggung
Larasing gamelan majing jroning tyas…
Tumancep…
Bebarengan sayempraba kuwi.. dumadakan
Kembeng-kembang kemembeng
Waspa dres mijil… manah karerantan
Mulat kasusatran jawi
Kang surem, sepi… memelas
(Wacanen uga artikel liyane ing : Feeling Alone in Quiet Night)
Mangkana kuwi ang dadi kasunyatan
Kadya unine sekar macapat maskumambang
Ing tengahing ratri iki
Tak kira sak mene wae artikel bab geguritan kanti aran Pangerten Ciri – ciri lan Tuladha Geguritan sing bisa tak bagekna kanggo kita kabeh kanthi pangarep muga – muga artikel bab pangerten Geguritan lan ciri – cirine ing ndhuwur iku bisa digawe nambah wawasan kita kanggo ngenani pangerten lan ciri – cirine geguritan. Aku nyuwun pangapura mbok menawa ana pengerten lan tutur sing ora gathuk. (Wacanen uga artikel liyane ing : Soal Hope Wish Congratulation and Agreement)
One Comment