Ngumbara ing Petenge Wengi

Ngumbara ing Petenge Wengi
Ngumbara ing Petenge Wengi
Wengi sansaya atis
Hawa sansaya adhem
Kodhok lan jangkrik padha nembang
Nuduhake kahanan wengi kang nyenyet
Pratandha para warga wis mlaku ana ing alam impen
Lintang ing tawang gumebyar anggawe padhang
Nambah semangat anggonmu mlaku
Ora kowe gagas lungkrahe awakmu anggone makarya mau
Kanggo njaga katentreman lan amane desamu
(Wacanen uga : Prasasat Godhong Garing)
Gubuk cilik iku dadi papan tatamu
Kenthongan ing tangan dadi senjatamu
Ora lali sarung ing pundhak kang dadi tandha tanggung jawabmu
Uruping geni kang dadi pepadhang lakumu
(Wacanen uga artikel liyane ing : No Way to Valentine’s Day)
Kabeh kowe lakoni kanthi ikhlas
Ora among modhal gumelan
Ora ngarep pawehing liyan
Amarga kabeh perlu kesadharan
(Wacanen uga artikel liyane ing : Bangga pada Negara Indonesia)
Thok… Thok… Thok…
Maling-maling padha lungaa
Lungaa saka desaku
Ojo nggawe kisruhe desaku
Goleka pakaryan kang luwih migunani tumrape liyan.
Tak kiro sak mene wae geguritan kanti aran Ngumbara ing Petenge Wengi sing bisa tak bagekno kanggo kita kabeh kanthi pangarep mugo – mugo geguritan ing dhuwur iku bisa digawe nyemangati aku dhewe lan kita kabeh supaya tansah melu uri-uri kanggo jaga katentreman lan kenyamanan panggonan kampung lan negara kita. Aku nyuwun pangapuro menowo ono pitutur seng ora nyenengno. (Wacanen uga artikel liyane ing : Soal USBN Prakarya SMP Bagian 1)
One Comment