Mobil Murah Nggarai Macet

Mobil Murah Nggarai Macet
Jaman saiki wis akeh tenan kendaraan ing dalan-dalan. Ora mung ono dalan gedhe, nanging ugo dalan cilik ugo tansah kebak kendaraan, saka motor, mobil cilik-cilik, sedengan nganti mobil gedhe-gedhe tansah ngebak’I dalan rino lan wengi. Saka mobil murah nganti mobil larang. Saka mobil biasa nganti mobil mewah.
Ing kesempatan iki aku pengin ngudarake uneg-unegku kanthi aran Mobil Murah Nggarai Macet kang bisa digagas dening sapa wae sing maca tulisan iki. Senajan judule mobil murah, nanging sing marahi macet orang mung mobil murah thok, mobil larang ugo nggarahi macet. Langsung wae nang uneg-uneg ing ngisor iki: (Wacanen ugo : Sapa Wani Rekasa Bakal Nemu Mulya)
Mobil Murah Nggarai Macet
Ayo padha didangu
Opo iki sing jenenge jaman maju?
Dalan dalan macet kendaraan ora iso mlaku
Mobil murah akehe ora lumrah
Akeh sing bungah, nanging ora sithik sing susah
Macete dalan saiki sansaya ngombro-ombro
Mbukak lawang isine odhong-odhong
Akeh sing ndomblong,
Kamongko biyen dalane mlompong
Nanging saiki wis golong-golong
Mikir bensin marahi ngentekke kanthong
Dalan macet marahi empet
Kebul knalpot mripat dadi sepet
Rebutan dalan ben iso cepet
Ana ngendi-endi dalan macet
Macet macet terus macet lan macet
Opo saiki dalane wis mengkret
Mobil-mobil mlakune rendhet
Nggarai wong kebelet,
Pengen nguyuh nanging mung bisa ngempet
Ngrasakne kahanan nganti bundhet
(Wacanen ugo artikel liyane ing : Syukuri Sekecil Apapun Nikmat Yang Kau Terima)
Tulung . . . . . Tulung
Sing ono ndhuwur ojo mbebingung
Adol mobil Mbok yao di etung
Mikir redana kang wis kadhung
Duit entek neng ati bingung
Ojo nganti nggarahi pikiran linglung.
Tak kiro semene wae ung-uneg aran Mobil Murah Nggarai Macet sing iso tak udarake ing kesempatan iki kanthi penjaluk muga-muga iso migunani kanggo kita kabeh. Sing perlu digatek’ake yaiku orang mung mobil murah wae sing nggarai macet, nanging ugo mobil larang. (Wacanen ugo artkel liyane ing : Semangat dan Syukur dalam Perjalanan Hidup)
One Comment