Lakon Wayang Jaman Saiki

Lakon Wayang Jaman Saiki
Jaman saiki urip sansaya mbingungake. Akeh tumindak sing ala nanging malah diuja, tumindak becik malah dicidra. Nanging sing kudu dieling – eling, senajan mbingungake, nanging sak bejo bejane wong kang ala utawa lali isih luwih becik wong kang becik utawa eling. Ing ngisor ono geguritan kang bisa digawe renungan kanggo kita kabeh nganani urip jaman saiki kanthi atetenger Lakon Wayang Jaman Saiki
Lakon Wayang Jaman Saiki
Lelakune kaya semar
Ning kok watake cepet nesu?
Iku ngono jenenge semar palsu
Semar iku pamomong sejati
Ngelingake sing padha lali
(Wacanen uga : Pituture Pinisepuh sing Kudu Digatekno)
Ana lakon carangan Semar mantu
Para penggedhe tulus anggone mbantu
Amarga tumindake semar tansah mituhu
Pangucape sansaya digugu.
Saiki uga ana Semar sing arep mantu
Golek modal kathik luru-luru
Iku ngono jenenge semar palsu
Lelakune kaya Petruk
Senenge ndombani kang maruk
Iku ngono jenenge petruk palsu
Ora payu, amarga modale mung idu
Ana maneh wujude sengkuni
Senenge adul-adul lan golek bathi
Apa maneh yen wis korupsi!
Kabeh ora ana kang wani
(Wacanen uga artikel liyane ing : Berkah Kondisi Bertambahnya Ketaatan)
Alasane golek redana
Amrih negara akeh bandha, lan kawula uripe mulya
Pungkasane mung epok-epok wae
Sejatine kanggo mblendhuke wetenge dhewe
Iku sengkuni jaman saiki jenenge
Apa iki jaman edan?
Sing tindak dora padha ura-ura
Sing welas asih padha disingkrih
Tak kiro sak mene wae geguritan Lakon Wayang Jaman Saiki sing bisa tak bagekno kanggo kita kabeh kanthi pangarep mugo – mugo geguritan Lakon Wayang Jaman Saiki ing dhuwur iku bisa digawe renungan kita supaya iso ngati ati sak jerone urip ning ndonya sing ora suwe iki. (Wacanen uga artikel liyane ing : Jadwal Waktu Sholat Up To Date)
2 Comments